Pesan Produk Sekarang

Greget Sinau Basa SMP/MTs Kelas 7


    Panyerat aturaken puja lan puji sokur dhumateng ngarsa Gusti Ingkang Maha Kuwaos
awit limpahan berkat lan rahmatipun saengga buku pasinaon Basa Jawa kagem SMP/
MTs punika saged kasusun kanthi sae. Panyerat anggadhahi pangajap supados buku
pasinaon Basa Jawa punika saged diginakaken kangge sumber pasinaon siswa.
Buku pasinaon Basa Jawa punika surasanipun ringkesan materi lan gladhen ingkang
kawedhar kanthi sae. Buku pasinaon Basa Jawa punika ngewrat materi pasinaon lan
gladhen ingkang kasusun kanthi adhedhasar Kurikulum Merdeka Muatan Lokal Bahasa
Jawa. Pramila mekaten, gladhen ing salebeting buku pasinaon punika kasusun kanthi
ringkes supados nggampilaken siswa anggenipun sinau basa Jawa.Kagiyatan ing
salebeting buku pasinaon Basa Jawa punika kadosta capaian pembelajaran, sedyaning
pasinaon, profil pelajar Pancasila, gladhen mandhiri, gladhen kelompok, gladhen wulangan,
pambecik, pengayaan, refleksi, lan proyek penguatan profil pelajar Pancasila. Kejaba
iku uga dijangkepi kaliyan gladhen tengah semester lan gladhen akir semester. Gladhen
kasebat ngandhut muatan ingkang macu para siswa supados anggadahi pamikiran kritis.
Materi ugi gladhen ing buku pasinaon Basa Jawa punika mugya saged biyantu
para siswa anggenipun nampi kawruh kanthi gampil lan bener. Pramila sampun leres
menawi ngginakake buku pasinaon Basa Jawa punika kagem sinau basa Jawa.

Spesifikasi:

            Judul                    : Greget Sinau Basa SMP/MTs ksl 7

            Kepengarangan    : Lestari, S.Pd

            Penerbit                : PT. Global Offset Sejahtera

            ukuran buku         : 21x29,7 cm

            halaman                : 160

            harga                     : Rp 00.000

 

Koleksi Produk Lainnya :

Posting Komentar

 
Copyright © 2024. PT.GLOBAL OFFSET SEJAHTERA